Jumat, 06 Juni 2014

Doa Layon Sari


Layon sari adalah doa untuk pemakaman bagi para penghayat kepercayaan kepada TUHAN YME sifatnya subyektif,disusun secara sistimatis mulai dari alam kandungan hingga lahir akirnya mati,semuanya menggunakan 7 kalimat. Bagi yang merasa cocok boleh dipakai bagi yang merasa kurang cocok boleh pakai doa buatannya sendiri. 
 
DOA PEMAKAMAN JENASAH PENGHAYAT KEPERCAYAAN KEPADA TUHAN J.M.E.

                                                              LAYON SARI

  1. Ewang suksma sesemitaningsun bhuwana langgeng 
  2. Duk nalika semono
  3. Jeneng sira isih aneng thelenge telaga Tanjung
  4. Sapa sing ana ing tengahe telaga Tanjung ?
  5. Ya Roh-Suci
  6. Roh-Suci sapa sing kagungan ?
  7. Kagungane Gusti Ingkang Mahasuci.
  1. Siji-loro mulung
  2. Telung sasi arupa
  3. Patang sasi osik-limang sasi malik
  4. Enem sasi ngetang
  5. Pitung sasi ngayun
  6. Wolung sasi ngetang
  7. Sangang sasi gya mijil. Nalika mijil ana loro margane, sing siji datan lahir marga ina sebab wis ana sak durunge kang diarani Ratujalu Klawan Estri ya Urip; iku tan kena ing pati. Sing siji maneh lahir marga ina iku kang dadi manungsa asal saka Roh Suci kena ing pati.
  1. Gusti Ingkang Mahasuci
  2. Kula nyuwun pangapura dumateng Gusti Ingkang Mahasuci
  3. Hamemetri bhumi sari jagad rasa gumulung dadi siji
  4. Lir manungsa kang layon
  5. Hanetepi sabdane Gusti
  6. Bali marang sangkan paraning dumadi
  7. Manunggal jati marang Gusti Ingkang Maha Suci

  1. Sing asale saka sari-sarine bhumi bali marang bhumi.
  2. Sing asale saka sari-sarine banyu bali marang banyu.
  3. Sing asale saka sari-sarine geni bali marang geni.
  4. Sing asale saka sari-sarine udara bali marang udara.
  5. Sing asale saka sari-sarine sinar matahari bali marang sinar matahari.
  6. Sing asale saka sari-sarine sinar bintang bali marang sinar bintang.
  7. Sing asale saka sari-sarine cahaya bulan bali marang cahaya bulan.
  1. Asale soko URIP ya HERUCOKRO
  2. Bali marang URIP ya HERUCOKRO
  3. Siji-siji  loro- loro  telu-telonono
  4. Siji sekti loro dadi telu pandito
  5. Siji wahayu loro gratrahina telu rejeki
  6. Kanjeng ROMO HERUCOKRO
  7. Ingkang Putra (Dwijowarsito 52) bade sowan manunggal jati.

RAHAYU      RAHAYU      RAHAYU.
           
                          

                                                                                                                           
                                                                                                         

Tidak ada komentar:

Posting Komentar